Bismillahirrohmaanirrohiim
ASSALAMU'ALAIKUM WR.WB
Bismillahirrohmanirrohim
Alhamdulillahirobbil aalamin wa bihi nasta'in 'ala umuurid dunya wad din. Assholaatu wassalaamu alaa sayyidina muhammadin, wa 'ala alihi wa shohbihi ajma'in.
amma ba'd
Hadrotal muhtaromin, poro alim ulama' sesepuh pini sepuh, ingkang kawulo hormati, wabil khusus (al mukarrom (ah) /al ustadz (ah) ............ ingkang kito tenggo-tenggo maudloh hasanahipun.
Ibu Hj ............ minongko ketua muslimat ranting .......... ingkang kawulo hormati.
Ibu .............. minongko ketua fatayat ranting ................ ingkang kawulo hormati.
Ibu-ibu sahabat muslimat serto sederek-sederek fatayat ingkang kawulo hormati ugi.
Sak derengipun kawulo matur monggo kito sareng ngunjuk raos puji syukur kito wonten ngerso dalem Allah SWT ingkang sampun maringi kito katah sanget kanikmatan, utamanipun nikmat iman lan sehat sahinggo kito saget makempal wonten majlis rutinan Muslimat/Fatayat Ranting ................ meniko kanthi sehat wal 'afiat mboten wonten aral menopo ke mawon.
Sholawat ma'assalam tansah kiro aturaken dateng junjungan kito, Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah kito antu-antu syafaatipun wonten donyo hattal akhiroh.
Kawulo ten mriki minongko pranoto adicoro, sak derengipun adicoro kawulo milai, kawulo bade mahosaken adicoro ing (sonten/enjang/dalu) meniko.
sepindah pambikaan
kaping kalih waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an soho Sholawat
kaping tigo Yasin lan tahlil
kaping sekawan menyanyikan lagu Indonesia dilajengaken mars muslimat/fatayat
kaping gangsal sambutan-sambutan
kaping enem mauidloh hasanah dilajengaken do'a
kaping pitu penutup
Adicoro ingkang sepindah inggih puniko pambikaan, monggo kito buka sareng-sareng kanti wahosan surat Al-Fatihah. 'Ala husnin niyyah Al-Faatihah ........
Mugi kanthi wahosan surat Al-Fatihah meniko saget dadosaken lancaripun adicoro ing sak meniko.
Adicoro kaping kalih wahosan ayat-ayat suci Al-Qur'an ingkang ajeng dipun wahos panjenenganipun Ibu/Ustazah ................. Dumateng Ibu/Ustazah ................... kawulo aturaken sumonggo.
Shodaqollohul 'adzim, mugi kanthi wahosan ayat meniko nambahi iman kito dateng Allah SWT. Amiin
Adicoro ingkang kaping tigo wahosan surat yasin/tahlil ingkang bade dipun pimpin Ibu/Ustazah ........... . Dumateng Ibu/Ustazah ............... kawulo aturaken sumonggo.
Amin amin amin taqabbalallahu minna wa minkum taqabbal ya karim. (ini dibaca ketika sekaligus doa)
Adicoro ingkang kaping sekawan menyanyikan lagu Indonesia Raya dilajengaken mars muslimat/fatayat ingkang ajeng dipandu dening Ibu/Ustazah/Sahabat .............. . Dumateng Ibu-ibu/Sahabat-sahabat sedoyo kawulo aturi jumeneng. Ibu-ibu/Sahabat-sahabat sumonggo pinarak malih.
Adicoro ingkang kaping gangsal sambutan
sambutan ingkang pertama saking ketua Muslimat NU ranting ...., Dumateng Ibu Hj/Ustazah/ ......... kawulo sumanggaaken..
Matur sembah nuwun kawulo aturaken.
Sambutan ingkang kaping kalih saking ketua fatayat NU ranting ......, Dumateng Ibu/Ustazah ......... kawulo aturaken sumonggo.
Adicoro ingkang kaping enem mauidloh hasanah ingkang bade dipun aturaken panjenenganipun (KH/Ustadz/Al-Mukarrom ) ............ Dumateng panjenenganipun Bapak/Ibu (KH/Ustadz/Al-Mukarrom) ........................ Kawulo aturi sumonggo.
matur sembah nuwun kawulo aturaken.
Adicoro ingkang kaping pitu penutup. sak derengipun adicoro kawulo tutup saking kawulo katah kelepatan kekirangan nyuwun pangapunten kanti ikhlasipun manah. saking kawulo cekap semanten.
Wallahul muwafiq ila aqwamit thoriq
Wasaalamu'alaikum Wr.Wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar